*Ceritane Pakdhe Basman lan Budhe Tatik pas nang Jepang*
Wis seminggu neng jepang, muter-muter, mlaku-mlaku, akhire Pakdhe karo Budhe nemu restoran masakan Indonesia. Pelayane Robot model wong.
Robote teko nyedaki pakdhe, trus ngomong : “Welcome to our restaurant, Sir… What is your nationality, please?”, robot takon.
“I am Indonesian” jare Pakdhe takjub nyawang robot iso omong.
“Selamat datang… Apa bahasa suku Anda?”, robot takon meneh.
“Jawa”, jare Pakdhe makin takjub saja.
“Sugeng siang. Badé pesen nopo?”, jare robot nganggo boso jowo.
“Canggih yo bu?”, Pakdhe ngomong karo Budhe.
Budhe: “Ono’ rujak cingur tah?”, ibune takon karo robot.
Robot : “Ono’, Bu”
Budhe : “Pesen rong porsi”
Robot: “Porsine gede opo cilik?”
Budhe : “Porsi gede”
Robot : “Lombok e piro ?”
Budhe : “Sing siji loro, sing siji sepuluh”
Robot : “Nganggo kangkung?”
Budhe : “Yo”
Robot : “Nganggo timun?”
Budhe : “Yo”
Robot : “Nganggo kol?”
Budhe : “Yo”
Robot : “Nganggo kol jowo opo kol asli jepang?”
Pakdhe : “Sing endi wae lah manut”, Pakdhe wis mulai rodo nesu
Robot : “Kacange di uleg opo di blender?”
Pakdhe : “Kuuarepmu ae, Bot …!” (wis mangkel)
Robot : “Kacange setengah mateng nopo mateng?”
Pakdhe : “Goréng sing gariiiiiiing..!!” Tambah banter njawab-pe
Robot : “Nganggo bawang goreng nopo mboten?”
Pakdhe : “Nganggo… Asu!” Pakdhe misuh banter banget saking mangkel-le
Robot : “Dipiring nopo dipincuk ?”
Pakdhe : “Dipiring !!”
Robot : “Lengone nganggo margarin opo minyak kelapa?”
Pakdhe : “Jelantah… ooo Dus-wedhus!!!” Nesu banget soale meh sepuluh menit dewe takonane thok!
Robot meneng, lampune byar pet kelap kelip koyo’ane lagi di mikir karo loading memori. Kiro-kiro sak menitan robote ngomong meneh.
Robot : “Maturnuwun. Pesenan tak tompo. Mung rak iso disugohke”
Pakdhe : “Cepetan! Aku wis ngenteni suwe banget, kok gak iso ngopo des-bedes?”, jare Pakdhe emosi poll
Robot : “Soale nang kene durung ono’ rujak cingur sing bahane nggawe nganggo asu… wedhus… karo bedhes…”
Pakdhe : …